June 02, 2010

kitab - kitab Jawa Kuno

Posted by cukiesht 7:48 AM, under | No comments

Isi Kitab Kepustakaan Jaman Kuno
1 Ramayana
Nyaritakake perange rama lawan Rahwana,prakara rebutan Dewi Sinta,asline katulis nganggo basa
Sanskreta. Crita asli Hindu. Kaperang dadi 7 kandha (cerita) :
a. Bala kandha : Prabu Rama isih Timur
b. Araniya kandha : Ilange Dewi Sinta ing alas dhandhaka
c. Ayodya kandha : Prabu rama tundhung
d. Kiskendha kandha : Sugriwa – Subali
e. Sundra – kandha : Perang brubuh Ngalengka
f. Yuda kandha : Anoman duta
g. Utara kandha : Sinta obong
2. Mahabarata
Asale saka indhia (Hindhu) nyaritakake sarasihlah (keturunan) Pandhawa lan Kurawa, tekan perang
Bharata Yuda Jaya Binangun.
3. Arjuna Wiwaha
Isi lakon Arjuna tapa ing guwa Mintaraga, tekan perang mungsuh Prabu Nirwata kawaca saka Iman – Imantaka. Arjuna entuk panah ampuh yaiku Pasopati.
4. Bharata Yuda
Nyaritakake perang Bharata Yuda antarane Pandhawa mungsuh Kurawa, amarga rebutan bumi Ngastina.
5. Nagara Kartanegara
Isine riwayat kraton Majapahit wektu kaasta dening Hayam Wuruk.
6. Serat Smaradana
Isine sesikune Bhatara Kumajaya, amarga Bhatara Kumajaya gawe wirange Bhatara Guru, tekan laire Bhatara Gana (Ganesya).
7, Serat Kresnayana
Isine sejarah Pancar Darah Wresni lan Yuda, tekan critane Kresna kembang.
8. Serat Sumana Santaka
Isine sedane Widadari Harini (Indumati) ibune Prabu Dasarata ing Ngayodyapala.
9. Serat Hari Wangsa
Isine prasetyane Gathutkaca lawan Abimanyu, nganti dhaupe Gathutkaca lan Pregiwa.
10. Serat Boma Kawya
Isine perange Prabu Kresna tandhing dhewe yaiku Prabu Suteja Boma Naraka Sura,amarga mbelani gugure Raden Somba Wisnu Brata.Sing kaprah diarani Somba rajah (Somba juwing).
11. Serat Arjuna Wijaya
Isine:
a.Perange Dasamuka mungsuh kangmase (Prabu Danaraja ing Lokapala)
b.Perange Dasamuka mungsuh Prabu Arjuna Sasra Bahu ing Maespati (Sumantri – Sukrasana)
12. Serat Sutasoma
Isine lungane Bambang Sutasoma putra raja ing Ngastina, wayah buyute Prabu Dwipayana
13. Serat Pararaton
Isine madege Kraton Singosari wiwit laire Ken Arok tekan R.Wijaya madeg ratu ing Majapahit.
14. Wresta Sancaya
Isine piwulang bab tembang gedhe lan warna – warna.
15. Serat Lubdaka
Isine cerita grema bias munggah swarga.
16. Serat Hyang Kamahyanikam
Isine piwulang bab agama Budha Mahayana dikarang dening jaman Empu Sendok
17. Brahmana Apurana
Isine dumadne donyo lan isine ngalam dikarang dening Empu Senhok.
18. candrakarana
Isine pieulang tembang lan Dasanama dikatang jaman Prabu Darmawangsa Teguh.
19. Agastyaparwa
Isine meh padha Candrakarana wektu ngripta ora dingerteni.
Dikutib dari berbagai sumber

0 comments:

Post a Comment